Contoh Ukara Lamba dan Camboran, Beserta Penjelasannya

Wartapoin

Contoh Ukara Lamba dan dan Ukara Camboran, Beserta PenjelasannyaUkara adalah satuan bahasa berupa kata atau rangkaian kata yang dapat berdiri sendiri dan menyatakan makna yang lengkap. Atau bisa juga disebut kalimat.

ukara lamba dan ukara camboran

Contoh Ukara Lamba dan Camboran, Beserta Penjelasannya

Pangertian Ukara Lamba

Ukara Lamba ing bahasa Indonesia diarani kalimat tunggal. Yaiku ukara sing medharake gagasan mung siji wae. Ukara ingkang nduweni jejer lan wasesa namung satunggal.

Tuladha Ukara Lamba:

  1. Dimas numpak sepedha
  2. Bulik nembe siram
  3. Pak Dhe maos koran
  4. Danti nyegat bis
  5. Sumini asah-asuh
  6. Adhiku maca layang kabar Suara Merdeka
  7. Tini lagi ndolani adhine ana ing ngarepan
  8. Yulianta sinau matematika lan basa Indonesia
  9. Bapak nembe sare
  10. Ani nyapu latar
  11. Ibu mundhut sayuran ing peken
  12. Dina Selasa Mas Joni kelangan jaket

 

Pangertian Ukara Camboran

Dene sing diarane Ukara Camboran, utawa ing bahasa Indonesia diarani kalimat majemuk, ukara sing dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang digandheng dadi siji. Gandhenge ukara lamba dadi ukara camboran lumrahe migunakake tembung pangiket, kaya ta lan, nanging, mulane, utawa tandha wacan koma (,).

Tuladha Ukara Camboran:

  1. Rina sregep, nanging adhine kesed
  2. Misto ora mlebu sekolah amarga lara panas
  3. Adik lagi turu nalika aku teka
  4. Selo lan Sule nunggang jaran mubeng desa
  5. Aku sinau matematika, adhiku sinau basa Jawa, kangmasku sinau basa Indonesia
  6. Mbakyuku tumbas pelem, aku sing ngonceki
  7. Aku melu pelajaran ekstrakurikuler angklung, dene adhiku melu pelajaran ekstrakurikuler karawitan
  8. Narti ora melbu sekolah amarga lara panas
  9. Rini sregep, nanging kakange kesed
  10. Adik lagi turu nalika aku teka
  11. Kadir karo kodar nunggang jaran mubeng desa

Suwun…

Artikel Terkait

Bagikan:

Wartapoin

Saya adalah seorang penulis utama blog Wartapoin. Saya akan menyajikan informasi terkini, ulasan, dan panduan seputar perkembangan terbaru dalam teknologi.